Selasa, 31 Januari 2012

Anak Dan Bapak Debat Konyol

A: jebeng B:bapak B= beng jebeng... bali beng.. bali kene bali... aja karepe mung klayaban wae.. A= eeh... ono suoro ra ono Wonge nangndi kie? B= weehhh... kie bapakmu ... bapakmu... ora lumrah koe njajal.. Klayaban kawet bali sekolah ... Sinau beng jebeng... SINAU... ojo karepe Klayaban wae... karepe Wadonan wae... mbok rodo' ngerti wayah njajal... ojo karepe mung kui-kui wae... A= wahahahahahaha... kawet mau jebule bapakku seng ngomong.. tak rani sopo.. B= Jebeng kurang ajar koe ya...nakal koe ya.. Bali kene bali... dikandani malah ngenyek wong tuwo..bali apa ora koe ? ..ha,BALI APA ORA KOE? A=Hahahaha.... Bali arep apalah pak ??
B= beng,kurangajar pancen koe karo wong tuo.. Bali bali bali... Bola bali bola bali dikandani.. janji bali sekolah bali neng umah disik.. Sembayang , njur madang.terus sinau. ojo karepe klayaban wae... SINAU! SINAU! SINAU! Koe ki bocah sekolah... tugase Bocah sekolah Sinau .. S-I-N-A-U.. SINAU... A= wahahahaha...Sinau apa ? hahahha B= dikandani wong tuo malah nglawan..Sinau apa ora koe? sinau apa ora? A=kie pak nyuwun sewu...aja kakean cangar .. aja kakean Mbaor2.. aja kakean cangkem.. B= koe seng kakean cangkem.. A=sabar sitik pak.. sabar sitik.. saiki ngene wae, bapake ke pancen wes wayahe di wehi ngerti. seng jenenge wektune nyong,seng jenenge waktu dalam hidupku kue acarane wes pirang2... dadi aja karepe kon sinauuuuuuuuuuuuu wae.. engko nek sinau wae, gaweane nyong,acarane nyong dadi pada terbengkelai pak... B= wahahahha. acara apa? Dunia dalam berita pa??? wahahaha .. Sok Sibuk .. A= kie... kosek pak.. tak kandani,, setahun ono pirang dina njajal pak?? B= setahun ya 365 hari .. A= na... saiki dietung bareng wae pak... 365 hari .. seng jenenge dina minggu dalam setahun kui ono pira pak?? B= 52.. A=naaa... Dina minggu kui ono 52... seng jenenge dina minggu, kui otomatis neng ndi ndi wayahe nggo istirahat .. ora ono acara sinau... B= yayayaya.. wes dina minggu ra sinau rapapa... lha, kan ana dina2 liane... A= kosek pak.kui mau piro dina minggune setahun??? B= 52.. A= kui total dari 365 hari turah piro pak?? B= 313 A=313 ya.. catet kui pak... 313 kui iseh dipotong maneh karo Hari Libur Nasional... Hari Libur Nasional anak pirang dina setahun?? B= ya pirang2... A= pirang2 ya.. digawe gampang dalam setahun 13 dino wae...berarti iseh pirang dina ??? B= ya 300.. A= saiki itung maneh pak... Liburan Sekolah... seng jenenge Lburan sekolah kui nangdi nangdi wes jelas .. semua siswa, semua murid kui libur,dadi ora sinau.. hari bebas belajar... setahun biasane liburan sekolah angger dikalkulasikan ono 2 bulan... ya kurang luwih ya 60 dino.. stuju ora?? B= oyawes... setuju... A= nggari pirang dino berarti setahune?? B= ya 240 dino... A=240 ya... saiki gawe turu pak.. seng jenenge menungso kui kudu turu pak,men awake seger , men awake bugar , menjaga kesehatan, sedino paling ora 8 jam... iyo ora??? B= lha iyo.. seng jenenge wong urip.. A= ya nek diitung2 setahun kurang luih gawe turu thok kui 120 dino... kui pak 120 dino... nggari piro saiki setahune??? B= ya nggari 120 dino... A= na kan... ggari 120 dino... saiki gawe ngibadah pak... seng jenenge ngibadah kui gawe sesuk sangu neng akhirat .. mulakno ra oleh maen2... jan kudu .. ora oleh ora... ya kudu ngibadah seng jenenge wong urip... nek diitung2 25 dino sethaun pak... dalam sethaun kui 25 dino gawe ngibadah ... ya ora?? B= iya wes,,,brarti saiki nggari 95 hari... A= naa, 95 hari catet pak... saiki nyong sebagai anak yang sedang tumbuh menuju ke kedewasaan nyong juga butuh bermain.. ben wawasane nyong luas , ben pikirane nyong seger,ben atine nyong tentrem, nyong kudu dolan... dolan karo kancan kancane .. sedino minimal sejam lahh... nek diitung2 setahun ya 15 dino gawe dolan thok kui pak... nggari pirang dino pak setahune?? B= ya nggari 80 lahh... A= nggari 80 dino ya... saiki gawe madang pak.. seng jenenge wong urip kui butuh madang pak... nek ora madang mati pak ... kurang luwih ya sedino gawe madang ngombe 2 jam pak.. ya dadi setahun kurang luwihe 30 dina... nggari pirang dino setahune?? B= ya nggari 50 dino ... wong 80 dilongi 30... A= 50 kui ya... ojo nganti klalen pak... kie dewe ke menungso.. makhluk sosial... dadi butuh srawung karo tangga... ya minimal sedino sejam pak.. brarti kurang luwih setahun 15 dino gawe srawung kalo tangga tangga... sedulur2.. B= ya nggari 35 dino setahune... A= naaaaaaaaaaaaa kui kan... menungso kui iso loro,,, kapan wae iso loro pak.. ya digawe gampang setahun 5 dino gawe loro pak... nggari pirang dino setahune pak?? B= ya nggari 30 dino setahun ... A= naa. saiki nyong arak mbahas soal ujian sekolah... seng jenenge ujian sekolah kui kene tak kandani, sampean seng ratahu sekolah meneng wae,,, rasah reang.. bocah sekolah kui sethaun tak gawe rata2 ya 6 dino lahh.. 6 dino pak gawe ujian sekolah setahun.. dadi iseh pirang dino pak setahun??? B= ya nggari 24 dino... ya kui seng 24 dino gawe sinau ... A=kosek pak.. durung rampung... apa nyong kon ra ndelok film?? opo nyong kon ora ndelok TV? opo nyong kon ora jalan2 ?? ora kon melihat dunia luar seperti apa?? dadi bocah kuper pak nek ora metu2 .. malah dadi generasi seng ra ngerti opo2... sekolahe malah ra kanggo gawe . mulane harus ada waktu dalam 1 tahun kui dialokasikan gawe jalan2 karo nonton .. la nyong nek diitung nek sewulan 1 dino, berarti setahun kui 12 dino... nggari piro setahune??? B= ya nggari 12 dino ... A= naaa.. saiki, kadang2 nyong diprentah karo bapak dikon tuku paku kon tuku bendrat , kon tuku bakwan, kon tuku apa wae lah... kui juga butuh wektu... tak itung2 setahun ketemune 11 dino... B= brarti ya ki tersisa 1 dino thok... A= sedino thok tersisa ... dadi seko 365 hari sedino thok mung 1 dino thok sisane pak... B=na kue... seng sedino gawe sinauuuu beng jebeng... ora ketang setahun sinau sedino thok rapopo lah... seng penting sinau.. A= tapi kan nyong due ulang tahun loo pak.. masa ulang thaun kon sinau.. yo ora lumrah pak. seng jenenge ulang thaun yo bebas.. bukak kado.. jalan2.. pokoke spesial banget lahh...digawekke kue tart.. pokoke spesial banget lahh.. mosok ulang tahun dikon sinau... wahahahahaha B= ooo dadi koyo ngono yo?? A= iyo... anakmu iki wong sibuk pak.. mulakno dadi wong tuo pikirane seng mletek.. seng mbukak pikirane ..1 tahun ora ono wektu kanggo sinau.. oo janji koyo ngono carane koe nggari milih... arep sinau saiki opo tak kampleng koe saiki... SINAU APA ORA KOE ? SINAU SINAU SINAU!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar